Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dari Februari, 2023

Mlebu Tahun 2023

Foto kolam sek ono nang kantorku kerjo, motone wes embuh kapan  Halo...... Iki aku,sebut wae cumi-cumi opo sak karepmu leh mu arep nyebut. Aku wes sue due blog cuma ratau diisi merho aku yo gak ngerti meh nulis opo. Intine saiki aku mung pengen nulis opo wae sek pengen tak tulis, aku gak masalah tulisan iki apek opo elek,penting aku iso nulis opo wae. Mlebu ing tahun 2023 ,padahal yo wes telat si, saiki wae wes tekan tanggal 22 Februari 2023, wes udu awal tahun meneh tapi rapopo,aku ra masalah. Mlebu ing tahun 2023 iku yo bakal tak sambut dengan senang hati, ra perlu mikir aneh-aneh. Alhamdulillahe, ing tahun ini ,2023, aku wes rabi, wes due gandengan, dua konco urep , utowo konco sek bakal sesok ngancani aku tekan pati,amiin. Mayan to, saiki wes raa dewe,minimal yen ono bahan cerito iso diceritakne nang bojone dewe. Ing 2023 iki akeh mimpi-mimpi sek pengen tak wujudne,tapi yo aku dewe sadar yen mimpi kui ra bakal tak cekel naliko aku mung hola-holo tok, namung plonga-plongo tok. K...