![]() |
| Foto kolam sek ono nang kantorku kerjo, motone wes embuh kapan |
Iki aku,sebut wae cumi-cumi opo sak karepmu leh mu arep nyebut. Aku wes sue due blog cuma ratau diisi merho aku yo gak ngerti meh nulis opo. Intine saiki aku mung pengen nulis opo wae sek pengen tak tulis, aku gak masalah tulisan iki apek opo elek,penting aku iso nulis opo wae.
Mlebu ing tahun 2023 ,padahal yo wes telat si, saiki wae wes tekan tanggal 22 Februari 2023, wes udu awal tahun meneh tapi rapopo,aku ra masalah. Mlebu ing tahun 2023 iku yo bakal tak sambut dengan senang hati, ra perlu mikir aneh-aneh. Alhamdulillahe, ing tahun ini ,2023, aku wes rabi, wes due gandengan, dua konco urep , utowo konco sek bakal sesok ngancani aku tekan pati,amiin. Mayan to, saiki wes raa dewe,minimal yen ono bahan cerito iso diceritakne nang bojone dewe.
Ing 2023 iki akeh mimpi-mimpi sek pengen tak wujudne,tapi yo aku dewe sadar yen mimpi kui ra bakal tak cekel naliko aku mung hola-holo tok, namung plonga-plongo tok. Kadang aku yo mikir,aku wes rabi tapi kok yo panggah pekok nggono lo.... jian embuh wes. Alhamdulillah bojoku sabar pol ngadepi polahku sek embuh..... kdang mesakne juga yen weruh bojo nggono nggene mergo polahku,,,suwun lo buk (aku yen nyeluk bojoku munine Ibuk,,,)
yowes lah semono wae,,meh omong opo juga gak ngerti juga, sek penting seneng nggono aelah ya
yowes lah semono wae,,meh omong opo juga gak ngerti juga, sek penting seneng nggono aelah ya

Komentar
Posting Komentar
Pengen komentar ? Monggo mawon...sek penting sopan santunipun ampun kesupen,matur suwun